BABAD DESA KASEGERAN
Zaman
bien pas lagi penjajahan Belanda, ana wong jenenge Sunan Amangkel 2. Sunan kue
lagi lagi di goleti neng Belanda, dadine si sunan iku golek tempat
persembunyian. Sunan iku umaeh neng Surakarta. Si Sunan arep maring Pekuncen nggo
tempat persembunyian.
Neng perjalanan, Sunan Amangkel 2 iku
ngaso neng alas. Pas lagi ngaso Sunan ngrasakna daerah kue seger, beda
karo alas liane. Dali Sunan Amangkel 2 gawe jeneng nggo alas iki jenenge
Kasegeran. Tes ngaso, Sunan nglanjutna perjalanan maring Pekuncen. Pas lagi
mlaku, Sunan nglewati daerah sing jenenge Kali gecek lan daerah iku wis akeh
penduduke.
Si Sunan crita marang masyarakat Kaligecek,
sunan tes njenengi alas sing seger banget dadi Kasegeran. Masyarakat Kaligecek
seneng banget ana daerah sing seger. Daerah Kaligecek iku kepalane bekel Geong
(jeneng terkenal). Bekel iku gelar pemimpin saiki pada bae karo kadus. Sunan
terus nglanjutna perjalanan maring Pekuncen. Sunan seda lan dikubur neng
Pekuncen.
Mbarang ngerti ana daerah Kasegeran,
pemerintahane pindah maring Kasegeran sing di pimpin neng bekel Mus. Dadine
daerah kaligecek gabung maring Kasegeran dadi sedesa utawi sewilayah.
Semoga bermanfaat bagi kalian semua.






0 komentar:
Posting Komentar