Assalamu’alaikum
wr.wb
Ingkang dhahat kinurmatan kepala sekolah
SMPN 1 Ajibarang Bapak Slamet, ingkang kawula hormati karyawan SMP 1 Ajibarang,
ingkang kawula hormati wali kelas IX-C, ingkang kawula hormati guru B.jawa
bapak Hartana, lan kanca-kanca ingkang kawula tresnani.
Sepindah kita sareng-sareng ngucapaken
syukur dumateng gusti Allah ingkang sampun paring kenikmatan lan karaharjan
sehingga kita saged kempal wonten mriki. Sholawat saha salam mugi konjuk wonten
ngarsanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun bekta kita saking jaman
jahiliyah dugi jaman ingkang terang benerang niki.
Para hadirin ingkang berbahagia, kula teng
mriki ajeng ngaturaken pidhato ingkang tema Tanah Longsor. Teng Indonesia,
wonten kathah daerah ingkang rawan Longsor lan kerugiane setiap setahun niku
milyaran rupiah. Tuladhane yaiku wonten teng Banjarnegara lan memakan korban
kathah sanget.
Para hadirin ingkang berbahagia, Tanah
Longsor yaiku obahe lemah, tuladhane tibane wewatuan utawi lemah sing ageng
senget, ingkang lepas saking gunung utawi bukit. Tanah Longsor niku wonten
macam-macame, tuladhane longsoran translasi, longsoran rotasi, obahe blok,lan
rayapan lemah.
Para hadirin ingkang berbahagia, faktor
Tanah Longsor wonten 2 yaiku faktor alam lan faktor manungsa. Ingkang kaping
setunggal faktor alam tuladhane yaiku gempa bumi, jawahe ingkang ageng sanget,
lan lereng ingkang curam. Ingkang kaping kalih faktor manungsa tuladhane yaiku
tebing sing di keruki terus-terusan, nggunduli hutan / nebangi wit-witan, lan
damel system pertanian mboten merhatikna irigasi ingkang bener.
Para hadirin ingkang berbahagia, Tanah
Longsor menika wonten tanda-tandane yaiku muncule retakan wonten lereng, krikil
pada tiba, wit-witan/tiang listrik pada miring, lan amblese dalan/ griya.
Para hadirin ingkang berbahagia, Tanah
Longsor sebenere saged dicegah, cara-carane yaiku dhamel terasering, mboten
mbukak lahan sawah, mboten gunduli hutan, mboten dhamel griya wonten ngandap
tebing, lan lia-liane.
Para hadirin ingkang berbahagia,
mugi-mugi kita saged / ngertos cara-carane nyegah Tanah Longsor lan slalu
waspada mbok menawi wonten tanda-tanda Tanah longsor.
Cekap semanten atur kula. Menawi wonten
kirangipun kula nyuwun agunging pangapunten, billahi toufiq walhidayah,
wassalamu’alaikum wr.wb.






0 komentar:
Posting Komentar